Contoh Geguritan Tema Percintaan

16.51

Cinta

1. Tresna
(Erlita Fajrani)
Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
Tresnamu bisa nekakake mega
Nanging saiki tresnamu kaya dahana
Awit aku mbok tinggalna
Langit data peteng
Ora ana candra apa maneh kartika
Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela
Maruta, kandhakna yen aku isih tresna
-post in geguritan.com-
2. Sing Ilang Ben Ilang
(Iswahyudi)
Saupamane ngerti isine atiku…
Ra bakalan kowe ngilang
Kaya pedhut kang kasaput srengenge
Kaya bun netes siya-siya ing lemah garing
Nambah eluhku nelesi pipiku…
Kabeh wus ora kena digetuni,
Sebab jodho rejeki lan pati…
Wis digarisake dening Gusti Kang Maha Kuwasa
Sing ilang ben ilang…
Ra bakal dak gayuh maneh
Cukup sakmene kanggo riwayat
Kanggo sasine lelakon urip,
kowe lan aku kudu nrima legawa
-post in geguritan.com-
3. Jodhoku
(Zahrotun Nurul Fatmi)
Sliramu sing saiki tak tresnani
Apa ya sliramu…?
Sing arep ngerteni aku salawase
Apa ya sliramu?
Sing arep njaga aku salawase
Apa ya sliramu?
Sing arep nuntun aku marang dalan kang becik
Apa ya sliramu?
Sing arep melu ngrasakake bungah lan rekasaku
Apa ya sliramu?
Sing sesuk arep dadi kanca uripku
Dhuh Gusti
Paringana pitedah kanggo aku
Apa iya iki jodhoku?
-post in geguritan.com-
4. Tandha Katresnan Ku
(Arya Esa Mahadewa)
Wiwit kok tulisake tresna iku
Manuk-manuk kepodang padha geguyonan
Ing pang-pang godhonge waru
Ijo enom lelagone langit biru
Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunar
Martakake dhina bakal ora kamendungan
Wiwit kok kandhak’ake tresna iku
Liwat kali dhak kintirake prau godhong pring
Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimu
Apepayon langit ing pucuking alun
Banjur dak tunggu tekane nggawa warta
Wiwit kok kidhungake tresna iku
Apa aku kudu lumaku sadhuwure angin lan segara
Njupuk kembang srengenge kang mlethek
Banjur dak slempitake ing kupingmu
Kareben nambahi brantaning ati
Sanjerone ati iki,Yayi
Ana panandhang,kirane mung kowe kang bisa mangerteni
Liwat getering angin kang sumilir
Sadawaning laku lan sepi tak ceritakake
Yen ta… samengko bakal NYAWIJI.
-post in esamahadewa.blogspot.co.id-
5. Aku Duwekmu Wengi Iki
(Isnaini D. Pramusinta)
Lumakuku kaya ngawang
Ngawang-ngawang nggayuh lintang
Mecaki dalan kasusahan
Apa Sejatine?
Kang ngganjel ing njero manahmu?
Tegese luh kang tumetes ing pipimu
Nglebur nyawiji ing swasana
Kang sejatine durung bisa gawe aku lan sliramu
Mesem bebarengan
Crita marang aku
Senajan ora mesthi bisa mungkasi
Lilakna aku andum donyamu
Kang kebak dening kaendahan
Sing durung kasunyatan
Aku duwekmu wengi iki
Iki ragaku
Iki sukmaku
Aku lila disiksa
Nganti ora ana sisa
-post in geguritan.com-

You Might Also Like

0 komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.